Minggu, 07 Februari 2021

Birrul Walidaini

 

Jamaah Jum'at Rahimakumullah, Allah SWT sampun ngendika:

وَماَ خَلَقْتُ الْجِنَّ وَ اْلإِنْسَ إِلاَّ لِيَعْبُدُوْنِ

 

Ingkang artosipun: “Aku ora ndadekake bangsa jin lan manungsa kejaba supaya ngawula maring Ingsun (Allah SWT”) Allah”.

 

Jamaah Jum'at Rahimakumullah, Sak sampunipun Allah merintah ngabekti dumateng Allah, lajeng dipun susul kaliyan perintah ngabekti dumateng tiyang sepah kekalih, lan punika wajib kita lampahi kanti ikhlas.

Kita saged mangertosi rekasanipun ibu nalikaning ngandung, lajeng sak sampunipun putra lahir, Ibu kanthi ikhlas dhahar ingkang anyep-anyep, saha ingkang pahit   kados jamu-jamu lan saksanesipun, supados putranipun tetap sehat wal afiyat.. Pramilo Sampun sak mestinipun kita ngabekti dumateng tiyang sepah kekalih lan jagi hak-hakipun

 

Allah sampun dawuh wonten ing surat Luqman: 14:

Ingkang artosipun: “ Lan tak perintahake marang menungso kabeh supoyo agawe becik marang wong tuwo lorone, ibune wis ngandut kanthi lemes lan tambah-tambah, lan nyapih sak wuse 2 tahun, syukuro marang Aku (Allah) lan marang wong tuwo loromu, lan namung marang Aku ( Allah) siro bakal bali”. ( Qur’an Surat Lukman: 14).

 

, Rasululloh paring dawuh :

أرْبَعُ حَق علي الله أن لآ يُدخلهُمْ الجَنَةَ وَلآيُديقهم  نَعيْمَهَا : مُدْمنُ خَمْر، وأكيل الربا، وَأكلُ مَال اليَتيْم بغَيْر حَق، والعَاقُ لوَالدَيْه 

Artosipun : dosa-dosa ingkang paling ageng inggih puniko :

1.      Nyekutoaken dateng Allah swt.

2.      Mateni dateng awak-awakan

3.      Duroko dateng tiyang sepah kekalih

4.      Guneman Awon utawi pendusta (Hadits Sahih 152)

 

 

Ahli jum’at Ingkang Tinuhu kinebekten

Khutbah Jum’at Bahasa Jawa - Menawi midherek pangadikaning rasul bilih birrul walidain punika anggadahi khikmah ingkang ageng sanget, nuwun inggih saged ndatengaken kabejan kagem piyambakipun ugi Alloh nambahi dateng umuripun :

مَنْ بَر وَالده طُوبَي لَهُ وَزَادَ اللهُ في عُمُره (رواه البخاري)

Artosipun : Sopo wong kang agawe bagus marang wong tuwo lorone, mongko bakal bejo lan Alloh bakal ndawa’ake umure (hadits shoheh 164)

 

Kosok wangsulipun menawi tiyang punika mboten kerso mbeciki dateng tiyang sepah kekalih, tentu Alloh mboten bade ridho dumateng piyambakipun. Tiyang ingkang kados mekaten termasuk tiyang ingkang rugi, keranten mboten waged mlebet suwarganipun  Alloh swt. Mekaten punika miderek pengendikanipun Rasulullah SAW. :

 

أرْبَعُ حَق علي الله أن لآ يُدخلهُمْ الجَنَةَ وَلآيُديقهم  نَعيْمَهَا : مُدْمنُ خَمْر، وأكيل الربا، وَأكلُ مَال اليَتيْم بغَيْر حَق، والعَاقُ لوَالدَيْه  (رواه الحاكم)

Artosipun : Sekawan haq menggah Alloh, Alloh mboten bade nglebetaken suwargo, lan mboten bade ngraosaken nikmatipun suwargonipun Alloh : tiyang sekawan puniko.......

1.   Peminum khomer utawi pemabuk

2.   Pemakan harta riba termasuk rentenir

3.   Pemakan bandonipun anak yatim tanpa hak

4.   Tiyang ingkang wanton nyakiti dateng tiyang sepah kekalih.

 

Menawi  kita tingali sangking hadits punika, sok sinten to tiyange ingkang wantun dateng tiyang sepahipun mongko tiyang kasebat ampun ngajeng- ngajeng dateng suwarganipun Alloh swt.

Milo Minongko akhir khutbah, mangga kita tansah enget bilih ridhonipun Allah punika tergantung ridhonipun tiyang sepah kekalih, semanten ugi bendunipun Allah wonten bendunipun tiyang sepah kekalih.

رضي الله برض الولدين وسخط الله في سخط الوالدين

Menawi tiyang sepuh kita sami taksih sugeng kedah kita mulyaaken, taat marang perintahipun ingkang boten nyimpang saking syari’at Islam. Menawi sampun sumare mangga kita do’aaken minongko bektinipun putro dumateng tiyang sepah kekalih.

 

 

Hadirin sidang jum’at ingkang minulyo.

Ahiripun...... Mugi-mugi kita kagolong tiyang ingkang taat dumateng Allah, dumateng rosul lan bekti dateng tiyang sepah kekalih. Amin...

 

اَعُوْذُ باِلله مِنَ الشَّيْطاَنِ الرَّ

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar