Menawi
tiyang meniko ajreh datheng gusti Allah kanthi sedoyo anggota jasadipun, yekti
tiyang kalawahu dados tiyang bejo. Wondene tetengeripun tiyang engkang ajreh
kanthi sedoyo jasadipun meniko saget dipun mangertosi sakeng anggenipun
nggina’aken pitong macem anggoto jasadipun inggih meniko :
1.
Njagi lisan.
Tiyang meniko tansah njagi lisan sakeng goroh, ghibah(ngrasani olo dateng
tiyang sanes), namimah(adu-adu), lan sakeng ngomong kang leluwihan. Tiyang
kalawahu tansah ketungkul anggenipun dzikir (Imut) dateng Gusti Allah,
anggenipun mahos Al-qur’an lan bibinahu macem-macemipun ngelmu engkang saget
mbagusi ndunyo lan akheratipun.
2.
Njagi ,manahipun.
Tiyang meniko tansah ngedalaken permusuhan sakeng manahipun, ngeduhi
hasud(drengki) dateng sedhere’ipun, keranten hasud utawi drengki meniko saget
ngobong amal-amal kesaenan kito, kados ngendikanipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW
:
Sak
temene hasud iku biso mangan amal kang apik koyodene olehe mangan geni maring
kayu kang gareng.
Mangertoso
bilih hasud meniko termasuk penyakit ati englang paling ageng. Lan mboten
wonten obat kangge ngatasi penyakit meniko kejawi tiyang engkang nggadahi
ngelmu lan purun ngamalaken ngelmunipun.
3.
Ngrekso
peningalipun. Tiyang
kalawahu mboten remen ningali perkawis – perkawis harom, sae engkang
berhubungan dateng dedaharan, unju’an, rasu’an lan sanes-sanesipun. Tiyang
kalawau mboten kabujuk dateng ndunyo, nanging sebatas ndadosaken sedoyo meniko
minongko i’tibar (angen-angen kangge nyaket dateng Allah) lan ugi tiyang
kalawahu mboten remen ningali bondo engkang mboten dados hak-ipun. Kados
pangendikanipun Nabi Muhammad SAW : “Sopo wonge kang mripate kebak kalehan
barang haram, mongko Allah bakal ngeba’i mripate kalehan genine neroko mbesok
ing dino qiyamat. Na’uudzubilla min dzaalik.
4.
Ngrekso madaranipun, mboten
bade nglebetaken perkawis dateng madaran. Keranten mangan bondo harom meniko
termasuk doso engkang ageng, kados ngendikanipun Nabi : Naliko tumibo ing
wetenge anak adam sakeng sak pulu’an perkoro harom, mongko poro malaikat kang
ono ing langit lan bumi bakal nglaknati tiyang meniko selagine pulu’an harom
meniku taseh ing badane tiyang kalawahu, lan naliko lelampahan wau ngepasi
tiyang meniko mati, mongko balesane yoiku neroko Jahannam, Na’uudzubilla min
dzaalik.
5.
Ngrekso Astanipun, tiyang
kalawahu mboten nggina’anek asta kangge perkawis harom, nanging tansah
nggina’aken asto kangge ta’at dateng Allah SWT. Dipun ceriosaken sakeng Ka’b
al-Akhbar bilih Sak temenipun Allah SWT sampun nyipto sewiji omah saking
zabarjad (mutiara di syurga) hijau yang di dalamnya terdapat 70.000 perumahan,
kang saben-saben perumahan ono omah kang jumlahe 70.000. ora bakal iso manggoni
omah-omah iku kejobo wong kang mengo sakeng perkoro harom lan ninggal perkoro
harom iku kerono Allah SWT.
6.
Ngrekso sukunipun. Tiyang
kalawahu mboten mlampah dateng maksiyat, nanging digina’aken kangge ta’at
dateng Allah, pados ridlonipun, mlempah nyaket ulama’, lan nyaket tiyang ahli
kesaenan.
7.
Ngrekso
keta’atanipun. Tiyang
kados meniko tansah njagi kata’atanipun kanti murni keranten pados ridlo Allah,
ajreh saking riya’ (nyombongke amal), lan ajrih saking kemunafikan.
Hadirin
jama’ah jum’ah rohimakumulloh.
Menawi
tiyang sampun saget ngelampahaken kados meniko, mongko tiyang kalawahu bade
kagolong tiyang engkang dipun perhatosaken dening Allah wonten Al-Qur’an :
وَالْآَخِرَةُ عِنْدَ
رَبِّكَ لِلْمُتَّقِينَ
Lan
urip ing akherat ing ngersane pengeran siro iku kanggone wong kang podo taqwa.
(Q.S. Al-zukhruf : 35)
إِنَّ الْمُتَّقِينَ
فِي جَنَّاتٍ وَعُيُونٍ
Saktemene
wongkang taqwa iku ono ing njerone suwargo lan caket dateng sumber mata air
(Q.S Al-Hijr : 45)
إِنَّ الْمُتَّقِينَ
فِي جَنَّاتٍ وَنَعِيمٍ
Sak
temene wong kang podo taqwa bakal ono ing suwargo lan kenikmatan. (At-Thur :
17)
إِنَّ الْمُتَّقِينَ
فِي مَقَامٍ أَمِينٍ
Sak
temene wong kang taqwa iku ono ing panggonan kang aman (Q.S Ad-dukhon : 51)
Kados-kados
Allah meniko ngendikan bilih tiyang engkang gadahi taqwa / ajreh dateng Allah
bade selamet ing dinten qiyamat saking geninipun Neroko. Kados Meniko kedahipun
kito wonten ing antawisipun raos taqwa(ajrih) dateng Allah nanging ugi kedah
gadah pengarep-arep (Roja’) dateng rahmatipun Allah. Ampon ngantos kito putus
asa saking ajrih lan ngarep-arep rahmatipun Allah. Kados ngendikanipun لَا
تَقْنَطُوا
مِنْ
رَحْمَةِ
اللَّهِ Ojo
podo putus asa siro kabeh sakeng rohmate Alloh.
Hadirin
jama’ah jum’ah rohimakumulloh.
Dipun
ceriosaken bilih Nabi Daud ing sewijining dinten nembe lelenggahan, mahos kitab
Zabur. Dumadak Nabi meniko mersani wonten singgat ing nduwur awu. Nuli nabi
Daud mbaten ing atinipun : Opo kang Allah kersaaken sakeng wontenipun singgat
iki?. Kanthi idzinipun Allah singgat kalawahu ngucap : Duh Nabine Allah, ing
wektu rino Allah merintah kulo supados ngucap : Subhanalloh, wal hamdulillah,
wa laa ilaaha illallohu walloohu akbar ambal ping sewu. Wondene ing wekdal dalu
kulo diparingi Ilham Allah supados maos Allohumma sholli ala muhammadin
an-nabiyyil ummiyyi wa alaa aalihii wa sohbihii wa sallim, kelawan ambal kaping
sewu. Panjenengan kiyambak, dereng mahos kados ngaten sak derengipun pados
faedah saking kulo. Nuli Nabi Daud AS ngeraos getun sakeng olehe ngemprehake
singgat kalawahu. Lajeng nabu Daud AS ajreh dateng Allah, nuli taubat lan
pasrah dateng Allah sak sampunipun kedadosan meniko.
Wondene
Nabi Ibrahim AS naliko emit dateng keluputanipun lajeng getun engkang sanget,
mirengaken suworo manahipun sak estu peparek dateng Allah. Nuli Allah ngutus
malaikat jibril engkang ngendikan : Duh kekasihipun Allah, setuhune Allah
maringaken keselametan dateng panjenengan. Nopo panjenengan mangertos kekasih
engkang ajrih dateng kekasihipun? Jawabipun Nabi Ibrahim : Duh jibril, Menawi
kulo imut kaluputan kulo, lan mikir dateng siksanipun kulo lajeng kesupen
(keranten banget ajrihipun).
Menawi
kados mekaten lelampahanipun poro nabi engkang sampun caket dateng Alloh,
lajeng kados nopo kalehan kito?
Hadirin
Jamaah jum’ah rohimakumulloh
Keranten
meniko monggo kito toto manah kito, ampun ngantos tebih sakeng Allah amargi
kito mboten gadah raos taqwa/ajrih dateng Alloh SWT. Langkung-langkung ing
wekdal wulan rojab(rejeb) engkang nembe dumugi meniko monggo kito gina’aken
kangge ngatah-ngatahaken amal ibadah lan kito tansah njagi sedoyo anggoto badan
kito sakeng lelampahan awon. Keranten mengeti utaminipun wulan meniko Allah
ngendikaaken wonten ing Al-Qur’an :
إِنَّ عِدَّةَ
الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ
خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ
Sak
temene wilangan sasi mungguhipun Allah SWT meniko wonten 12 wulan wonten
ketetapanipun Allah Nalikane nyipto dateng langit lan bumi. Saking piro-piro
wulan iku ono 4 kang mulya. (Q.S. At-Taubah : 36)
4 wulan meniko dipun tafsiri bilih engkang
setunggal kiyamba’an inggih meniko wulan rojab, lan 3 sanesipun meniko
berturut-turut inggih meniko wulan dzul qo’dah(apet), dzul hijjah(Besar) lan
Muharrom(suro).
Akhiripun
mugi kito tansah pikantok margi engkang jejek, dipun tedahaken dateng ketaqwaan
engkang sak estu, ing akhiripun kito merkoleh ketentreman wonten ing ndunyo
meniko langkung-langkung ing akherat sak mangke.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar